Minggu, 01 Mei 2016

Pengaruh Media Sosial di Kalangan Remaja dalam bahasa jawa

Pengaruh Media Sosial Ing Kalangan Remaja

Ing era globalisasi, teknologi tambah maju lan ora bisa dipungkiri tekane internet nambah dibutuhake ing akeh bidang, kayata bidang sosialisasi, pendidikan, bisnis lan liyane. Media sosial kalebu situs kang wong bisa terhubung karo wong liya ingkang nggabung ing media sosial sing padha kanggo tukeran informasi, komunikasi. Kalangan remaja kang nduweni media sosial biasane nge-posting kegiatan pribadine, curhatane, lan foto-foto karo rencange. Tambah aktif ing media sosial, tambah dianggep keren lan gaul. Tapi kalangan remaja kang ora nduweni sosial media dianggep kuno, ketinggalan jaman lan kurang gaul.

Media sosial ora ngenal batasan-batasan ing sosialiasi. Media sosial nduweni pengaruh kang gede ing keuripane wong. Wong kang asale cilik bisa dari gede karo media sosial, lan media sosial uga kaya kuwi. Kanggo masyarakat Indonesia, khususe kalangan remaja, media sosial ibarat uwis dadi candu, ora ono dina tanpa mbuka media sosial. Media sosial kang paling sering digunakake marang kalangan remaja yaiku Facebook, Twitter, Path, Youtube, Instagram, Kaskus, LINE, Whatsapp, lan BBM.

Para pengguna media sosial uga bisa bebas komentar karo nyalurake pendapat tanpa rasa khawatir. Ini disebabake ing internet khususe media sosial gampang banget kanggo malsukake jati diri utawa nindakake kejahatan.

Analisi Sosiologis Media Sosial

Ing era modern, manungsa digampangake yen ngelakukna macem-macem tindakan. Salah setunggale kemudahan akses lewat internet. Berkembange internet munculake pola interaksi bisa dilakukake tanpa kudu ana ing ruangan lan waktu kang bebarengan. Ing kajian sosiologi, marake media sosial erat hubungane karo kepriwe dewek kancanan, bersosialisasi, berinteraksi.

Dampak positif kang media sosial :
1. Tempat kanggo promosi sing apik lan murah
2. Nduweni kenalan kanca anyar
3. Media komunikasi sing murah
4. Tempat kanggo nggolet informasi sing bermanfaat

Dampak negatif kang media sosial :
1. Nggawe ganggu wektu sinau
2. Bahaya kejahatan
3. Bahaya penipuan
4. Ora saben wong nduweni sifat sopan
5. Nganggu keuripan lan komunikasi keluarga

Media Sosial ing Kalangan Remaja

Remaja saiki ketergantungan karo media sosial. Ndelengake keadaan kaya kiye, Sekolah Tinggi Sandi Negara karo Yahoo! Ngadakake riset babagan penggunaan internet ing kalangan remaja. Hasile yaiku kalangan remaja 15-19 tahun ndominasi pengguna internet ing Indonesia 64%. Penggunaan media sosial ing kalangan remaja nimbulake pro lan kontra. Penggunaan media sosial seringe ngenganggu wektu sinau. Lan ana sing luwih parah, yaiku ana kasus remaja kang ilang gara-gara minggat karo wong sing nembe kenal ing Facebook.

Sajroning penelitian dinyatake, media sosial ana hubungane karo kepribadian introvert. Wong sing wis introvert e wis parah, ndadekna tambah aktif ing media sosial kanggo pelampiasaan. Campur tangane wong tuwa dibutuhake kanggo pengawasan lan kudu ngarteni anake. Keluarga kudu nduweni fungsi afektif ben anake oleh perhatian kang cukup.

Ing kota gede kayata Jakarta, asring remaja ngalami kekurangan perhatian saka wong tua. Bab iki disebabake keluarga ngalami disorganisasi. Ing keluarga sing secara ekonomine kurang mampu amarga wong tuane kudu golek nafkah, amarga ora ono wektu kanggo merhatike lan ngasuh anak-anake. Sakmange ing keluarga kang mampu, persoalane sejen maneh, amarga wong tuane sibuk karo urusan-urusan ning njaba umah ngejar prestise. Kalangan remaja sing hyper aktif ing media sosial iki asring mosting kegiatan saben dina sing nggambarke gaya hidupe sing nyoba meluni perkembangan jaman amarga kepengin dianggep popular ing kalangane.

Sanajan remaja mosting ing media sosial sejatine ora nggambarke gaya hidup sing sebenere kasunyatane uripe kasepen. Manungsa dadi actor sing kreatif nduweni daya cipta sing werna-werna, salah sijine yaiku ruang interaksi dunia maya. Saben manungsa nduweni karakter diri sing beda yen lagi ana ing dunia maya lan dunia nyata.

Nanging sakabehe beda yen ndeleng kegiatan remaja saben dinane. Panggung sing kanggo dolanan ana ing mburi panggung ora ana sing nonton saka kanca-kancane ing media sosial, sing ditampilke peran sing beda karo sing dibangun nang njaba panggung. Sakmangke ora nggumunke yen ketemu karo wong sing beda adoh neng media sosial katimbang dunia nyata.

Urip saiki ing jaman simulasi, sing realita ora diceritakake, dipresentasikaken lan disebarke nanging ugo rekayasa di gawe lan disimulasi. Saiki urip ana fantasi layar lan jaringan. Kita citra kanggo wong liya, siji-sijine takdir kanggo makhluk citra kuwi dadi pengikut citra ing layar. Akhire manungsa dadi teralienasi karo lingkungan sosial lan lingkungan sekitar, amarga sibuk karo gadget dewek-dewek.

Manungsa saiki kasambung karo werna-werna aplikasi media sosial sing ngerewangi kanggo hubungan karo manungsa liya sing jarake ewunan mil lewati layar lan jaringan. Nanging waktu sing padha menyababke jarak karo para remaja sing cedhak lan mengalienasi karo lingkungan sosiale. Manungsa bisa kajebak dadi makhluk citra, sing pangertenane secara harfiah utawa secara kiasan.

Bagikan

Jangan lewatkan

Pengaruh Media Sosial di Kalangan Remaja dalam bahasa jawa
4/ 5
Oleh

Subscribe via email

Suka dengan artikel di atas? Tambahkan email Anda untuk berlangganan.